Pengalaman awal di blog
23 April 2007
Wah lega banget rasane, wis makaping-kaping aku pengin ngeblog. Sajane wis diwarahi kanca-kancaku, ning mbuh piye jalarane kok ra dadi-dadi. Nembe saiki isa. Ya, syukur banget nyang ngarsane Gusti kang maha paring kamurahan lan kabisan. Wektu iki aku lagi wae nguji praktek KKPI kelas III SMKN 1 Semarang. Ya aji mumpung menawa isa dipatrapake tumrapku. La wong ngenet wae njaluk sing gratis, mumpung lagi dienggo nguji, ngiras ngirus ajar nggawe blg. Kebeneran banget amarga sedela maneh aku lan kanca-kancaku kang nyawiji ana Telematika Edukasi Indonesia (TEI) utawa tele4edu arep nganaake pelatihan utawa gladhen internet rekane ngajari kanca-kanca guru Penjaskes kang manunggal ing MGMP Penjaskes SMK Kota Semarang. Kebeneran MGMP Penjaskes SMK Kota Semarang disuhi deding kanca dewe, Dimas Suharso kang wektu iki nembe nindakake kuliah ana ing UNES. Ya muga-muga progres iki nambahi semangatku olehe ningkatake jati dirine ngabdi ana ing babagan IT. Nanging ana cuwa sithik, wektu iki aku durung isa ngrampungake tesisku. Pembimbingku ana ing ITB sajane ya wis ngarep-arep anggonku ndang ngrampungake tesisku, nanging piye maneh, kahananne durung marengake. Ya muga muga Gusti kang maha agung tansah paring pepadang lan kepenak anggonku makaryo sinambi ngrampungake tesisku.