Tuesday, April 24, 2007

Merenungkan nasib

Rabu, 24 April 2007 aku sempat ngalamun amarga bar mbuka milis, kok kaya krasa salah, nang apa kok kau ora ndang ngampungake tesisku. Janne ya kepengin banget ning piye? aku lagi wae ngembang tugas nguji KKPI neng sekolah nganti tanggal 2 Mei 2007. Kuwi ateges tanggal 3 Mei 2007 nembe bisa neng Bandung njinggleng tesis. Janne mana isin karo para dosen apa maeh pembimbing, ya Pak Kus, kang kanthi sabar nunggu lan mbimbing aku. Nasiobku kang lagi dilakokake dening Gusti, kudu ndak lakonei lan ndak trima. Muga-muga enggal pikantuk dalan kang kang longgar satemah aku ndang bisa ngrampungake tesis. Rasa ewuh karo pra kanca terus ana neng atiku nanging kudu ndak kiwaake dhisik. Sepisan maneh mugi Gusti kang maha Agung tansah nuntun mring sagung lakuku.

Posted by sam at 09:27:28 | Permalink | Comments (1) »

Monday, April 23, 2007

Pengalaman awal di blog

23 April 2007

Wah lega banget rasane, wis makaping-kaping aku pengin ngeblog. Sajane wis diwarahi kanca-kancaku, ning mbuh piye jalarane kok ra dadi-dadi. Nembe saiki isa. Ya, syukur banget nyang ngarsane Gusti kang maha paring kamurahan lan kabisan. Wektu iki aku lagi wae nguji praktek KKPI kelas III SMKN 1 Semarang. Ya aji mumpung menawa isa dipatrapake tumrapku. La wong ngenet wae njaluk sing gratis, mumpung lagi dienggo nguji, ngiras ngirus ajar nggawe blg. Kebeneran banget amarga sedela maneh aku lan kanca-kancaku kang nyawiji ana Telematika Edukasi Indonesia (TEI) utawa tele4edu arep nganaake pelatihan utawa gladhen internet rekane ngajari kanca-kanca guru Penjaskes kang manunggal ing MGMP Penjaskes SMK Kota Semarang. Kebeneran MGMP Penjaskes SMK Kota Semarang disuhi deding kanca dewe, Dimas Suharso kang wektu iki nembe nindakake kuliah ana ing UNES. Ya muga-muga progres iki nambahi semangatku olehe ningkatake jati dirine ngabdi ana ing babagan IT. Nanging ana cuwa sithik, wektu iki aku durung isa ngrampungake tesisku. Pembimbingku ana ing ITB sajane ya wis ngarep-arep anggonku ndang ngrampungake tesisku, nanging piye maneh, kahananne durung marengake. Ya muga muga Gusti kang maha agung tansah paring pepadang lan kepenak anggonku makaryo sinambi ngrampungake tesisku.

Posted by sam at 10:42:31 | Permalink | Comments (2)